Rereged Pakan Ternak iso dadi Produk Berkualitas
Posted by: streaming tv Posted date: 18.05 / comment : 0
MargoyosoUpdate.com - Rereged kulit tela saha kacang ingkang padatan mboten dipun ginakaken pranyata saged dipun olah malih dados produk ingkang ngandhut pangaji awis. Satunggaling warga nglecoregonang kecamatan Winong Pati kasil mupangataken rereged pabrik kasebat dados pakan ternak sapi ingkang ngandhut mutu. Tumpukan zak ingkang wonten ing gudhangipun halimi warga Winong Pati menika mujudaken rereged kulit kacang ingkang dipunbucal pabrik makanan ringan. Ing gudhang sanes ugi wonten rereged kulit tela asil bucalan saking pabrik tapioka. Menawi dipun tingali sak keplasan kekalih rereged kasebat kadosipun mboten wonten pangajinipun. Malah saperangan warga gadhah pamanggih minangka uwuh ingkang ngregedi lingkungan. Ananging sinten ingkang nginten saking rereged cacah kalih menika kasil dipun damel satunggaling produk kanthi pangaji ingkang awis.
Halimi kaneman saking Winong Pati kasil mupangataken rereged cacah kalih kasebat dados pakan ternak lembu ingkang ngandhut mutu. Lumampahing ndamel kalebet prasaja. Rereged cacah kalih kasebat dipuntumpuk kanthi dipun tambahi sakathahing bahan sanes kadosta katul saha isi jagung. Kangge ngurai bahan menika dipun ginakaken bakteri pengurai em 4 ingkang dipun damel piyambak dening halimi saking sakathahing woh-wohan ingkang bosok. Salebeting wekdal kalih dinten lumampahing fermentasi sampun nggayuh satus persen saha dipun lajengaken kanthi dipun lus ngginaaken mesin. Wondene kangge tataran pungkasan inggih menika dipun wadhahi karung zak kanthi ukuran seket kilogram. Halimi ingkang namung mujudaken lulusan SMA ngaken pamanggih ndamel pakan ternak menika kajurung saking pepenginan mbiyantu bapakipun kangge nyamektakaken pakan tumrap lembunipun kangge mangsa menapa kemawon. Kanthi kawruh ingkang dipun pikantuki kanthi cara otodidak wusananipun halimi kasil ngolah rereged pabrik kacang saha tapioka dados pakan ternak. Wiwitanipun produk pakan ternak ingkang dipun damel halimi namung dipun ginakaken peternak ing desanipun. Ananging kairing wekdal produk pakan ternak Halimi sumebar ngantos Boyolali saha Yogja malah ngantos bali saha sakathahing pulo ing njawi pulo jawi. Samangke salebeting sewulan Halimi mroduksi pakan ternak watawis 180 ton kanthi regi 70.000 rupiah kangge saben zak ukuran seket kilogram. (Hasanuddin - Pati)

About streaming tv
This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
Latest
Popular Posts
-
Margoyoso Update - Akibat rem blong, sebuah dam truk nopol K 1520 HH bermuatan tanah yang dikemudikan Basuki warga Desa ...
-
MargoyosoUpdate.com - Seperti apapun hubungan dengan dirinya, pasangan masih saja selalu curiga dengan kita. Seperti kurang yakin atau per...
-
MargoyosoUpdate.com - Gading Marten pajang foto mesra bersama sang kekasih, Gisel Idol di jejaring sosial di internet, Instagram. Keduanya ...
-
MargoyosoUpdate.com - Bahagianya Rangga SM*SH saat merayakan ulang tahun yang ke 25 terpancar dari raut wajahnya yang berseri-seri. Rangga...
-
MargoyosoUpdate.com - Bintang Barcelona asal Argentina, Lionel Messi, terpiliih sebagai Pemain Terbaik Dunia 2012 atau FIFA Ballon d'Or...
-
MargoyosoUpdate.com - Apakah Sobat MargoyosoUpdaters pernah terganggu dengan kehadiran alay ? Ya, terkadang sikap mereka yang masih labil...
-
Tidak banyak masjid tua di Kabupaten Pati yang masih terlihat mempertahankan arsitekturnya yang kuno. Di antara sedikit masjid kuno ya...
-
SEOUL, MargoyosoUpdate.com - Baru-baru ini virus Gangnam Style tengah menyebar di seluruh dunia. Lagu beserta gaya ...
-
Margoyoso Update - Ratusan orang tua dan anak-anak saling berebut nasi tumpeng di Punden Mbah Tareko Desa Mintomulyo, Kecamatan Juwana Pati...
Tidak ada komentar: