breaking

World View

World View

Menarik

Menarik

Khas Nusantara

Khas Nusantara

Produksi Kasur Karaban Mulai Diekspor

Share This

MargoyosoUpdate.com - Kasur hampir tiap rumah memilikinya. Namun tahukah anda kasur yang biasa kita pakai sehari-hari ternyata rata-rata adalah buatan kaum ibu di Desa Karaban Kabupaten Pati. Tidak hanya pasar dalam negeri kasur asal Desa Karaban bahkan sudah diekspor ke beberapa negara tetangga. Samangke wonten perajin kasur sak boten-botenipun cacah 3.000 ing Desa Karaban. Racakipun mujudaken ibu-ibu ingkang damel kasur ing griyanipun. Anggenipun damel kasur kapuk prasaja sanget. Sepisanan inggih ngguntingi kain kangge bahan kasur. Nuli kain dipun jahit tataran kasebat padatanipun dipun garap ing griya. Salajengipun kain dipun iseni kapuk ingkang dipun tindakaken ing gudang. Nglebetaken kapu padatan ngginakaken pipa plastik. Sasampunipun kasur kebak kapuk kain kasur dipun jahit malih. Sinaosa skala rumah tangga pranyata usaha pandamelipun kapuk menika sampun dipun sade ing sakathahing wewengkon ing Indonesia malah ngantos dipun ekspor.
Miturut salah setunggaling pengusaha kasur kapuk Sukarno konsumen saking Negari Manca remen kasur damelanipun Desa Karaban amargi kualitasipun boten kawon kaliyan kasur busa. Kajawi menika kasur kasebat ugi boten kraos benter. Kangge ukuran paling alit setunggal meter kaping kalih meter dipun sade 85.000. Wondene ukuran ageng inggih 185 senti kaping 2 meter reginipun Rp 140.000. Sinaosa sampun kawentar Sukarno ngaken taksih kangelan nyade mliginipun dhateng peken Eropa saha Amerika. Kajawi bahan baken ingkang sansaya awis sesaingan peken kaliyan produk China ugi anjalari pangsa peken kasur kapuk saking karaban wiwit suda. (Hasanuddin - Pati)

About streaming tv

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
«
Next
Posting Lebih Baru
»
Previous
Posting Lama

Tidak ada komentar:

Leave a Reply