breaking

Arsip Blog

World View

World View

Menarik

Menarik

Khas Nusantara

Khas Nusantara

Puluhan Hektar Lahan Tetanen ing Pati Diserang Penyakit

Share This

MargoyosoUpdate.com - Puluhan hektar lahan pari kang umure lagi 3 minggu ing Kecamatan Jakenan Pati kaancam gagal panen amarga diserang penyakit. Among tani kang mangerteni parine kena penyakit mbudidaya ngawekani wit parine kanthi cara ngileni lahane. Kanthi lahan tetanen kang teles diajab pari kang kaserang penyakit bisa tuwuh lan ngasilake anakan. Pucuke godhong pari kang kaserang penyakit wernane rada soklat lan gunggung anakane sithik. Menawa dijarake oyode tanduran bakal rada abang banjur pang-e bosok. Serangan penyakit pari kasebut nganti wektu iki isih kedadeyan ing saperangan lahan pari ing sakehing desa kang kalebu Kecamatan Jakenan kayata Kedungmulyo, Sonorejo lan Desa Sendangsoka. Menawa ora ditangani serangan penyakit kang kedadeyan amarga virus iki dipesthekake bakal mratah. Miturut sawijine among tani, Supar, penyakit godhong kang bosok kerep kedadeyan tumrap tanduran pari. Sakehing pambudidaya kalebu nyemprot pestisida kimiawi wis ditindakake nanging penyakite malah mratah. Kakira penyakit kang ora mempan diwenehi pestisida kimiawi kasebut kedadeyan amarga anggone menehi pestisida kakeyan satemah nuwuhake virus anyar kang kebal pestisida. Kanggo nangani kedadeyan iki among tani diprayogakake nggunakake pestisida hayati. Kajaba bisa mateni virus lan bakteri pestisida hayati uga ora ngracuni ekosistem lahan tetanen satemah mikroba lan virus penyakit bisa mati, nanging mikroorganisme kang mupangati bisa tetep urip. (Hasanuddin - Pati)

About streaming tv

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
«
Next
Posting Lebih Baru
»
Previous
Posting Lama

Tidak ada komentar:

Leave a Reply