breaking

Arsip Blog

World View

World View

Menarik

Menarik

Khas Nusantara

Khas Nusantara

Regi Daging Lembu Ajeg, regi Daging Ayam Mindhak

Share This

MargoyosoUpdate.com - Ndungkap ariraya Natal regi daging ayam ing peken tradisional ing Pati mindhak 20%, sawetawis regi daging lembu taksih ajeg. Ing peken tradisional puri-pati salebeting seminggu menika regi daging ayam wiwit mindhak. Sawetawis regi daging lembu tetep ajeg. Regi daging ayam selangkung ewu kamangka saderengipun namung  Rp 20.000. Wondene daging lembu 75.000 saben kilonipun. Indhak-indhakan regi daging ayam kasebat anjalari daganganipun para bakul sepen. Pramila para bakul daging ayam sami sambat. Kajawi mapag Natal kakinten mindhakipun regi daging ayam kaperbawan kirangipun pasokan seminggu menika.
Miturut setunggaling bakul ayam, Trie Utami mindhakipun regi daging ayam amargi kathah daerah pemasok ayam potong ingkang ingah-ingahanipun pejah dadakan ing saindhenging Kabupaten Pati. Kajawi menika mindhakipun regi kasebat jalaran kathahipun pesenan, sawetawis tinuku bakul daging lembu nelakaken kangge daging lembu reginipun taksih ajeg. Ananging amargi kaperbawan indhak-indhakan regi sawetawis wulan kepengker omzetipun mandhap kathah. Para bakul ngajab regi enggal ajeg malih satemah daganganipun rame kados sekawit. (Hasanuddin – Pati)

About streaming tv

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
«
Next
Posting Lebih Baru
»
Previous
Posting Lama

Tidak ada komentar:

Leave a Reply