breaking

Arsip Blog

World View

World View

Menarik

Menarik

Khas Nusantara

Khas Nusantara

Kaserang Tikus, Lahan Petani Jagung di Kayen Gagal Panen

Share This




MargoyosoUpdate.com - Amargi kaserang ama tikus, atusan hektar lahan tetanen jagung ing Desa Srikaton, Kecamatan Kayen, Pati ngalami gagal panen. Satemah para tani nandhang kapitunan ngantos yutan rupiah.
Taneman jagung watawis kawan atus hektar ing Desa Srikaton, Kecamatan Kayen, Pati kaserang ama tikus. Satemah para tani gagal panen saha nandhang kapitunan ngantos atusan yuta rupiah. Kangge ngawekani serangan ama tikus, para tani nindakaken gropyokan ing lahan tetanen ingkang kaserang. Salah setunggaling among tani jagung, Jumadi nelakaken, serangan ama tikus taksih dados ama ingkang dipun ajrihi tumrap among tani palawijo jinis jagung ing desapun. Sinaosa sakathahing pambudidaya sampun katindakaken, pranyata ama tikus malah sangsaya mratah wiwit kalih wulan kepengker. Kangge ngawekani ngrembakanipun, para tani miwiti nggropyok kangge ngawat-awati gunggung tikus ing dhaerah kasebat. Among tani ngajab pamarintah suka kawigatosan mligi tumrap para tani jagung. Awit menawi mangsa ketiga inggih namung taneman jagung ingkang dados pangupajiwa

About streaming tv

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
«
Next
Posting Lebih Baru
»
Previous
Posting Lama

Tidak ada komentar:

Leave a Reply