breaking

Arsip Blog

World View

World View

Menarik

Menarik

Khas Nusantara

Khas Nusantara

SMP Negeri 2 Gabus Kobong

Share This




MargoyosoUpdate.com - Kakira amarga listrik konslet, SMP negeri ing Gabus, Pati setu awan (8/9/2012) entek kobong. Ruang kelas cacah telu ing SMP kasebut sak isine ora bisa dislametake. Rahayune ora ana korban jiwa jrone kedadeyan iki amarga para siswa wis mulih.
Ruang kelas cacah telu ing SMP Negeri 2 Gabus, Pati entek kobong. Ruang kang kobong yaiku ruang lab komputer, ruang tata usaha lan ruang kepala sekolah. Miturut seksi, Supardi, geni dimangerteni sepisanan saka ruang lab komputer. Sawetara mangerteni sekolahan kobong, warga mbudidaya nyirep ubaling geni ananging amarga barat gedhe, geni ora bisa disirep. Ubaling geni lagi bisa disirep sawise rong jam sawise ngerig-ake blambir telu. Kakira kobongan kedadeyan amarga listrik konslet ing ruang lab komputer. Miturut sawijine Guru SMP 2 Gabus, Agus Supriyanto, jalaran kobongan iki komputer 20 unit ora bisa dislametake lan sakehing berkas penting liyane uga kobong. Kapitunan kang disandhang sekolah durung bisa dimangerteni. Dene kang njalari kobongan isih dipriksa pehak kepolisian. (Hasanuddin - Pati)

About streaming tv

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
«
Next
Posting Lebih Baru
»
Previous
Posting Lama

Tidak ada komentar:

Leave a Reply