breaking

Arsip Blog

World View

World View

Menarik

Menarik

Khas Nusantara

Khas Nusantara

Sumur nek Grobogan wes Asat amargi ketigo panjang

Share This



MargoyosoUpdate.com - Ketiga panjang ing Grobogan dipuntanggapi pamarintah kabupaten kanthi ngedalaken status darurat musibah kasatan. Kanthi paneteping status menika pamarintah ngajak sedaya paprentahan ndherek sabyantu nanggulangi musibah kasebat.
Ketiga panjang ing taun menika anjalari kasatan sangsaya mratah. Kalih dasa desa ingkang sumebar ing gangsal welas kecamatan ing Grobogan sampun kangelan pikantuk toya saestu. Wekdal menika wonten KK cacah tigang ndasa tiga ewu kepeksa pados toya dhateng papan ingkang tebih amargi sumuripun sampun sami asat. Ningali kawontenan menika, pamarintah kabupaten ngedalaken status darurat musibah kasatan. Status kasebat dipun tetepaken lumantar SK Bupati saha sampun dipun lapuraken dhumateng Gubernur Jawa Tengah. Ancasipun supados anggenipun nangani musibah kasatan mboten namung dados tanggel jawabipun Pemkab Grobogan, ananging ugi Pemprov Jateng. Pemkab Grobogan lumantar Badan Penanggulangan Bencana Daerah ngaken sampun mbudidaya kanthi sak kekiyatanipun kangge nangani perkawis menika. Ananging pambudidayanipun pamarintah arupi droping toya saha pandameling embung-embung boten kasil kanthi sae amargi kawontenan alam ingkang kirang nyengkuyung. (Nur Soli - Grobogan)

About streaming tv

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
«
Next
Posting Lebih Baru
»
Previous
Posting Lama

Tidak ada komentar:

Leave a Reply