breaking

Arsip Blog

World View

World View

Menarik

Menarik

Khas Nusantara

Khas Nusantara

Trek Tangki Isi Elpiji Nabrak Wates nek jalur Ngayogjakarta-Magelang

Share This



MargoyosoUpdate.com - Gara-gara ngendhani wong nyabrang, sawijine trek tangki isi gas elpiji nabrak wates ratan ing Ratan Pemuda, Muntilan, Kabupaten Magelang, setu esuk (8/9/2012). Sanajan ora nuwuhake korban jiwa, trek kang liwat ing pinggir ratan anjalari jalur Ngayogjakarta-Magelang macet.
Trek tangki isi gas elpiji kanthi bobot karo tengah ton saka Cilacap nabrak wates ratan, sawijne wit lan cagak telpon. Kacilakan kasebut kawiwitan nalika trek kanthi plat nomer B 9114 UZ kang disopiri Ian Priyadi 36 tahun warga Kelurahan Bojong Batak, Pemalang mlaku banter saka arah Yogja tumuju Magelang. Ananging nalika iku ana sawijine warga meneri nyabrang, satemah sopir uga ora bisa ngendaleni kendaraan. Miturut sopir trek, dheweje kepeksa mbanting setir nengen supaya kang nyabrang ora ketabrak. Ananging trek durung bisa ngerim nuli nabrak wates jalur amarga anggone nyabrang ndadak. Rahayune kacilakan iki ora nuwuhake korban jiwa. Sopir lan kernet trek ora nandhang tatu. Sawetara trek isi gas elpiji kasebut bodine ngharep peyok lan roda gardane tugel. Polisi kepeksa masang garis polisi supaya warga ora nyedhak amarga trek rawan kobong lan mbledhos jalaran momot gas elpiji. Kacilakan tunggal iki njalari jalur utama Jogjakarta-Magelang dadi macet. Nganti setu awan trek tanki isi gas elpiji kasebut durung bisa dievakuasi. (Widodo Setiawan - Magelang)

About streaming tv

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
«
Next
Posting Lebih Baru
»
Previous
Posting Lama

Tidak ada komentar:

Leave a Reply