breaking

Arsip Blog

World View

World View

Menarik

Menarik

Khas Nusantara

Khas Nusantara

Selang Bensin Bocor, Sawiijne Mobil Entek Kobong

Share This



MargoyosoUpdate.com - Kakira amarga selang bensin bocor, sawijine mobil sedan entek kobong nalika lagi liwat ing jalur pantura, ngarep SPBU Desa Klaling, Kudus. Mobil sedan K 7631 FA entek kobong nalika liwat jalur pantura Kudus ing sacedhake SPBU Desa Klaling. Kakira kang anjalari kobong yaiku selang bensin mobil kang bocor. Rahayune penumpang papat bisa slamet.
Miturut sopir mobil, Suhaji, sadurunge kobong mambu ganda bensin saka selang bensin. Nalika dipriksa, dumadakan krungu swara bledhosan cilik nuli ana keluk saka mesin. Mangerteni mobile kobong, wong papat kang numpak mobil nuli mbudidaya metu golek slamet. Kapolsek Jekulo, AKP Muhaimin nelakake, nalika kedadeyan dheweke ana ing papan kedadeyan. Sadurunge kobong, keprungu swara bledhosan saka mesin mobil lan geni langsung mubal ngobong mobil. Mung watara 30 menit, mobil entek kobong. Dene geni lagi bisa disirep sawise 30 menit sawise ngerigake blambir. (Hasanuddin - Kudus)

About streaming tv

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
«
Next
Posting Lebih Baru
»
Previous
Posting Lama

Tidak ada komentar:

Leave a Reply