breaking

Arsip Blog

World View

World View

Menarik

Menarik

Khas Nusantara

Khas Nusantara

Kirab Sedhekah Bumi Desa Sugihrejo Kecamatan Gabus Atusan Warga Rebutan Berkat

Share This

Margoyoso Update - Ndungkap ariraya Idul Adha, warga Dusun Pasinggahan, Desa Sugihrejo, Kecamatan Gabus, Pati nggelar ritual reresik desa kanthi ngarak sekul berkat dhateng punden desa. Ing pungkasaning ritual, atusan warga ingkang dugi saking sakathahing kitha rebatan supados angsal sekul berkat. Kanthi dipuniringi kesenian tradisional barongan, wakiling warga saking saben RT saha kepala desa sarta perangkat desa ngarak sekul berkat mubeng desa ingkang isinipun sekul pĂȘthak saha maneka lawuh. Sekul berkat ingkang dipun papanaken ing jodhang kasebat dipunarak tumuju punden desa Nyai Slamet ingkang mujudaken panggenan ingkang dipunkeramataken dening warga.
Sasampunipun ngarak sekul berkat, acara dipun lajengaken kanthi ritual ing punden ingkang dipun lajengaken kanthi donga sesarengan. Ritual menika minangka wujud raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung amargi dipun paringi rejeki saha kawilujengan. Ing pungkasaning ritual sajen sekul berkat ingkang sampun dipun dongani dening tokoh agami dipun rebataken warga. Satunggaling warga Rukayah nelakaken warga pitados sekul berkat ingkang dipun rebataken saged mberkahi kangge pedamelanipun tetanen saha menawi dipun tedha saged nambani sesakit. Kepala Desa Sugihrejo, Ahmad nelakaken saben taun ing wulan apit salebeting tanggalan Jawi warga Dhusun Pasinggahan, Desa Sugihrejo, Kecamatan Gabus, Pati, Jawa Tengah nggelar ritual reresik desa ingkang padatan dipun wastani sedhekah bumi. Tradisi menika kajawi ngandhut ancas supados asil tetanenipun langkung sae katimbang taun saderengipun ugi supados warga dipun paringi kawilujengan mirah rejeki saha minangka tulak balak. Sasampunipun dipun dongani dening tokoh agami, sekul tumpeng ingkang sampun dipun arak mubeng desa dipun rebataken warga kangge dipun beta wangsul. (Hasanuddin - Pati)

About streaming tv

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
«
Next
Posting Lebih Baru
»
Previous
Posting Lama

Tidak ada komentar:

Leave a Reply